Lombane meh kawiwitan, panitia wes pada nyeluki para pesertane liwat sepeker. Mbah Paijo oleh nomer sepuluh. Siji – siji peserta pada nyang ngarep nyanyi sampek akhire mbah Paijo diceluki liwat sepeker.
“ pripun mbah Sampun Siap ? ‘ pitakone panitia.
“ aku wes siap banget “ kandane mbah Paijo.
“ mangga dipun wiwiti mbah “ panitia ngei tanda nyang mbah Paijo. Age – age mbah Paijo nyang ngarep munggah panggung banjur nyanyi.
“ cicak – cicak di dinding “. Suarane mbah Paijo rada lirih
“ kurang gedi mbah “ panjaluke panitia
“ tekek – tekek di dinding “. Suarane mbah Paijo panggah Lirih
“ kurang gedi mbah Paijo, gedekno “ Panitiane kanda nyang mbah Paijo.
“ Bajul – bajul di dinding “ mbah Paijo nganti kewane sing dinyanyekne
“ kurang gedi lo mbah “ saurane panitia.
Mbah Paijo banjur nyupot Mic saka cagakke banjur dibademke marang panitia sing umek kae mau.
“ gampu menengo leee, aku ki wis tuwo ojo kok gae dolanan “ mbah Paijo sajake nesu tenanan.
“ Ngapunten mbah, maksudte kurang gedi wau suwarene jenengan sanes kewan sing jengengan nyanyekne “ kandane panitia jelaske maksudte.
“ ngono ya ra omong “ mbah Paijo panggah ngengkel
.... wes mbah uwes, ancene sampean ki tukang ngengkelan, mulio gek turu wae mbah ....

0 Response to "Dagelan Jawa : Lomba Nyanyi"
Posting Komentar