Tau ngerti nyangapa kok diarani angin siklon ? Nah, asal mulane ngene , coba gatekno.
Biyen nalikani durung ana listrik lan ijik gawe lampu teplok ana kedadean angin gede. Saking gedene angin, akeh wit - witan kang pada ceklek. Kedadean angin gede kui mau pas wayah surup wong - wong pada wedi.
Kabeh wong pada ning jero omahe dewe - dewe arep metu ora wani. Gur wong - wong sing kendel sing wani ning jaba ndilok angin kang gede kui mau. Salah sijine Tedjo deweke ning emper karo nguwasi wit - witan kang mobat - mabit.
Suwe - suwe angine tansaya banter. " angine banter angine banter " mangkene kandane Tedjo saka emper. Wong - wong ora wani metu tambah wedi karo angin.
Angine tambah banter maneh, Tedjo tambah bengok - bengok karepe ngei ngerti marang wong kang ning jero omah.
" angine tambah banter, ayo pada metuo " Tedjo mbengoki wong - wong sing ning jero omah.
Dilalah ana sing nyauri saka njero omah.
" sik kelon sik kelon "
Saurane salah sijine wong sing ning jero omah.
" sik kelon sik kelon "
Saurane salah sijine wong sing ning jero omah.
Merga angine banter dadine Tedjo krungune " siklon siklon " tikirane Tedjo angin gede kui mau jenenge siklon. Awit saka iki mulane angin gede kui mau tiarani siklon.
0 Response to "DAGELAN JAWA : Asal Mulane Jeneng Angin Siklon"
Posting Komentar