DAGELAN JAWA Sekolah Kejar Paket

Mbah Paijo jan pancen gaul, deweke masia wes sepuh panggah pengen sekolah. Mbah Paijo njur takon - takon marang kanca - kancane panggonan sekolahan kang nrima murid.


Kancane mbah Paijo nyaranke supaya deweke daftar sekolah ning kejar Paket. Kancane uga jelasake sekolah kui ora mben dina mlebu tur yo murah. Mbah Paijo sajak setuju lan nyiapake samu barang kanggo sekolah.

Dina senin banjur mbah Paijo mlebu sekolah, kancane ya akeh. Mbah Paijo seneng banget sebab deweke iso sekolah kejar paket. Apa sing dikarepke mbah Paijo cocok karo ngen - ngenne.
" ayo mlayu kae enek mobil gowo paketan " mba Paijo mlayu buanter mburu mobi bok sing tulisane antar Paket Kilat. Kanca - kancane mbah Paijo gur tingak - tinguk ora ngerti karepe mbah paijo.

Mbah Paijo banjur mbalik sebab pra candak mburu mobil kae mau. Kanca - kancane mbah Pijo banjur nakoni " mbah sampean waras ? " .
" apa salahku " pitakone mbah Paijo.

.... Anu mbah sampean ora salah, sampean bener kabeh ....

0 Response to "DAGELAN JAWA Sekolah Kejar Paket"

Posting Komentar